KANGEN
ning endi kangen kiye pan tak benahi..
ari rasa wis ora bisa dejak umpetan..
kowen sing lunga kegawa angin ora gelem dejak
balik..
lawang kiye saprene megin ngeblag..
megin ngeblag..
nyong ngadeg ning kene..
ning watese batin sing keronto-ronto..
ngenteni kowen..
…… ngenteni kowen………
owhh....maryatiiii
RAHASIA ATI
raine kowen sing tak selagna ning lorogan ati kiye..
tak umpetna rapet-rapet..
mbuh mbangkana bakale kepriben..
kaya kemricike banyu sing mili,
iramane ati sing tak jorna..
kowen sing ning kana..
nyong belih bisa apa-apa..
nyong mung bisane meneng..
kaya watu sing ditukuli lumut,
sing tukule langka sing nandur..
mbrabah sekarepe dewek..
kaya raine kowen sing tak selagna ning lorogan ati
kiye..
tak umpetna..
embuh sampe kapan….
(nggo si nok e)
dina kiye :7
minggu kiye :7
wulan kiye :7
jumlah sing mampir :5287